Konangan Nge-LC

Lirik Konangan Nge’LC
Cewek :
Mas elingo tresno iki ues cidro koe lungo karo wong liyo aku ora trimo.
Cowok :
Teroso tresno sek ues ilang muspro aku ora lilo yen awakmu keno godho ra niat ngeculno tresno sing wes tak jogo tapi mbok rumongso nek atiku iki loro.
Oh kasihku kemana engkau pergi rakuat ati iki nunggu anggonmu bali pamitmu sedelo tak enteni ora bali loro ati iki ngerti koe nggondhol LC.
Cemburu ati iki krungu kabar seko mburi awakmu kui wes tegel mblenjani janji opo aku iki wes ora mbok akoni pamit tuku roti lakok malah etok LC.
Cewek :
Jaremu mung sedelo pamitmu niliki konco kowe lungo seko jam piro nyatane karo wong liyo.
Aku pegel anggonku ngenteni aku mangkel wes mbok apusi unimu kowe ra ngasi wengi lha kok malah kowe nggondholi LC,
Cowok :
Rasane loro ati iki uwes cidro marai loro ono ing jero dhodho mergo kowe lungo karo wedokan liyo tapi kabeh aku kudu iso nompo,
Najan atiku iki kudu ngrasake loro aku isone amung sabar lan lilo pasrah marang GUSTI lan akeh ndedongo nek aku nduwe salah aku njaluk pangapuro
Cewek :
Jaremu mung sedelo pamitmu niliki konco kowe lungo seko jam piro nyatane karo wong liyo.
Aku pegel anggonku ngenteni aku mangkel wes mbok apusi unimu kowe ra ngasi wengi lha kok malah kowe nggondholi LC,
Cowok :
Duh aduh dek bocah ayu sing saking tak tresnani nyuwun pangapurane mergo wes ingkar janji aku ora bakal mbaleni koyo wingi aku wes janji ro kowe sumpah mati aku wani mergo aku sadar kabeh opo salhku iki mergo aku tetep tresno awakmu kui nanging aku kudu piye aku wes kadung ngapusi aku yo mung iso pasrah marang kersane gusti aku tetep tetep ndongo ben koe iso lerem mugo wae aku karo koe tetep tentrem njaluk pangapurane mbok kowe ojo merem ben iso bebarengan uripe adem ayem,
Cewek :
Jaremu mung sedelo pamitmu niliki konco kowe lungo seko jam piro nyatane karo wong liyo.
Aku pegel anggonku ngenteni aku mangkel wes mbok apusi unimu kowe ra ngasi wengi lha kok malah kowe nggondholi LC Mas elingo tresno iki ues cidro koe lungo karo wong liyo aku ora trimo

Related Posts:

0 Response to "Konangan Nge-LC"

Post a Comment