Ora Guno

Ora Guno
Tresnaku amung cidro
Kabeh kui bakale tak tompo
yen pancen iki dalane kudu mlaku dewe-dewe
Cen tresnaku nggo sliramu sak lawase
Aku uwes lilo senjan atiku iki cidro
Koe lungo ninggal loro
Lorone keronto-ronto
Tresnaku marang awakmu ora guno
Pangapurane cah ayu senjan atiku loro,
tresnaku marang sliramu pupus anane cidro,
lor keronto-ronto koe lungo ning paran kono,
aku isa opo isaku mung nglalekno,
elingo koe biyen tak tresnani setengah mati,
koraban opo wae uwes mesti tak lakoni,
tapi kui kabeh tok bales gawe laraning ati aku ora sudi,
wes tak leremke pikerku,
wes tak jembarke atiku,
ikhlas lair batin sliramu ninggalke aku,
yo mung ngelus dodo,
kabeh mau kui tak trimo najan ati iki loro,
lembeku muni rapopo,
yen kelingan esemu,
mbrebes mili iluhku mbayangke kabeh janjimu sek jare kepati kanggo awaku,
nanging endinge cidro kowe gandheng wong liyo,
sabar atiku nompo khlas ati kowe lungo
Pangapurane mas
Ikhlasno aku,
lilakno aku,
kenangan lan wektu marang sliramu tulung lalekno aku gawe loroning atimu
Wes tak ikhlaske golek liyane,
amergo tok tinggal lungo,
aku ora popo,
sabar tak tompo,
wong ki dalane Gusti Allah sing nggariske,
Kudu pisah ro awakmu ora tak piker jeru snajan loro,
najan cidro kudu ikhlas legowo, yo mung siji pandongaku langgeng lan mulyo,
cukup aku lan atiku sek wes mbok gawe loro,
Padhange sang suryo dadi ireng peteng neng ndonyo ati loro roso iki lungsrt kelingan jaman semono, aku nyobo sabar,
ati nyobo tegar nanging kok akhire malah dadine ambyar bubar,
nangis batin iki wes ra ono gunane kabeh prasetyo nganti ra ono regane,
yen wes dadi dalane aku yo mung iso nompo tak ikhlaske kabeh mergo iki kersane sing Kuoso, yen kowe reti jeroning atiku ngrasake perih mergo tresno iki anane tulus tanpo pamrih,
mung jenengmu sing tak delehke ono jeroning dodo tegane sliramu ngijoli sumpah setyoku nganggo cidro,
yen kudu udan deressing mbusak roso iki, yen kudu sorote srengenge le iso madhangi petenge atimu rikolo isih nggegem tresnoku aku wes kudu iso ngikhlask’ke sliramu,
Ati kroso kelaran mergo tok tinggal paran yo uwes piye meneh aku mik iso pasrah sanadyan awak lungkrah atiku loro pasrah aku nyobo ikhlas tresnomu wes ilang bablas,
Udan tangis iki sing bakal dadi seksi tak cobo iso ngerti snajan nggerus neng ati dongaku marang Gusti mugo kowe iso bali tetep tak ngapurani balimu sek tak enteni,
Rungokno lagu iki yo mung kanggo sliramu,
rungokno saben wektu yen kangen marang aku,
kembang mawar sing wes malik dadi layu tansah loro iki neng njero dodoku,
Wes lilo aku nompo loro iki,
Wes tak jarno kowe lungo seko ati iki,
Kang mas pangapurane kanggo awak’ku,
Snjan aku wes nangguh cidro,
Neng njero atimu,
Pangapurane mas,
Ikhlasno aku,
Lilakno aku,
Kenangan lan wektu marang sliramu,
Tulung lalekno aku gawe loroning atimu

Related Posts:

0 Response to "Ora Guno"

Post a Comment